Friday 6 October 2017

KONCO REALISTIS NO DRAMATIS

foto iWG- di karnafal wuluhan

KONCOAN KOYOK ADEWE IKI ENAK REK..

-Sering debat
-Sering onok seng nesu 🤣
-Sering megelno koncone
-Sering eker2an
-Sering pinter2an
-Sering protes2an
-Sering beda pendapat

Tapi ..

-Tetep rukun
-Tetep iso edan2an
-Tetep iso ngguya-ngguyu bareng
-Tetep iso kompak
-Tetep iso nyambung masio bedo2
-Tetep iso dolan bareng

IKI JENENGE KONCOAN REALISTIS
ASLI NO REKAYASA, LOS-LOSAN

-Lak bedo yo ngomong bedo
-Lak gak setuju yo ngomong gak setuju
-Lak gak seneng yo ngomong gak seneng
-Lak salah yo ngomong salah
-Lak bener yo ngomong bener

DARIPADA KONCOAN PALSU

-Gak setuju meneng, di mpet tapi nggrundel
-Gak srek meneng, tapi melempem
-Gak yess, ngomong yess
-Gak OK , ngomong OK
(ojo koyok ngene, gak apik. gak duwe pendirian)

BLAK-BLAK'AN AE KOYOK SAIKI,

-Gak usah malu2 lak ate protes
-Gak usah isin2 lak ate nyalahno
-Gak usah wedi lak ate nyeneni
-Gak usah sungkan2 lak ate ngandani

" soale seng koyok adewe iki luweh enak, luweh plong, luweh loss, gak ngapusi rasa, gak mgapusi ati, gak onok beban, gak onok grundelan, gak onok dendam, gak apik terus, gak elek terus.. menyesuaikan lah pokok'e ."

Dadi ojok kaget, Lak aku kadang komentar seng nyalahno, ngejak eker, ngejak debat dll..
Soale pancen iku aku tepak gak setuju..

Tapi yo ojok heran pisan lak pas aku moro2 komentar mendukung, nyemangati, ngejak terus dll..
Soale yo pancen aku tepak setuju..

Dadi intine karo konco ojo di delok sopo wonge seng ngomong, tapi delok'en opo seng di omongne.
-Lak setuju yo di YES.
-Gak setuju yo di NO.

OJO KOYOK SI MUNAFIK
-Lak wes kadong gak seneng karo si A, kabeh omongane di NO
-Lak kadong seneng karo si B, kabeh omongane di YESS .. adyaaaaaahh... yo Lufut..

Wes gak usah dowo2, intine apik koyok ngene.
Debat, Eker, No, Yes. Iku wes biasa..
PENTING REALISTIS NO DRAMATIS..


---- salam iwg------
di stadion JSG jember

INILAH SOSOK TUYUL BALUNG YANG MENGGEMPARKAN WARGA

 Sosok tuyul di kec.balung baru-baru ini yang sempat menggemparkan warga